Sabtu, 14 September 2013

watek sopan

sopan anggone liwat sakngarepe tiyang sepuh

Manungsa anggone urip bebrayan kudu nduweni tata krama, unggah ungguh lan sopan santun kang apik Miturut Serat Wulangrèh, hubungan sosial isih ngugemi sipat tradhisional kanthi urutan miturut umur, pangkat, bandha lan awu’tali kekerabatan’. Konflik tinarbuka sak bisa-bisané diendhani. Donya lair kang ideal yakuwi donya kang saimbang lan selaras, kaya déné kasaimbangan lan keselarasan lahir lan batin. Urip ora bakal nandang cacat yèn batiné tetep waspada. Kawaspadan batin kang terus terusan iku bakal nyegah tingkah laku, wicara lan celathu sing kurang patut. Ngurangi mangan lan turu iku minangka latihan kang utama kanggo ngéntukaké kawaspadan batin. Saliyané kawaspadan batin uga diendhani watak sing ora becik, yaiku watak adigang, adigung lan adiguna. Suwaliké kudu miara watak “ rèh “, sabar lan “ ririh “ , ora kesusu lan ati-ati. Kelakuan kang nguntungaké awaké dhéwé lan ngrugèkaké liyan kudu diéndhani, ngapusi (dora), nyengit lan sawenang-wenang kudu diadohi. Yèn batinné wis waspada, tingkah lakuné kudu sopan. Tingkah laku sopan yakuwi tingkah laku kang :
  1. Deduga, “ ditimbang kanthi premana sadurungé nglangkah”
  2. Prayoga, “ ditimbang apik alané “
  3. Watara, “ dipikir matengsakdurungé mènèhi putusan “
  4. Reringa, “ sakdurungé yakin tenan tumrap keputusané iku “ 
Mugia kanthi wacan ing dhuwur, kitha tansah nduweni, njagi lan nglestarikake sikap sopan marang awake dhewe, lan wong liyane.

0 komentar:

Posting Komentar