Sabtu, 14 September 2013

Lila legawa

"Lila legawa" diterjemahkan dengan rela dan ikhlas. yakni sikap seseorang yang lapang dada, terbuka hati, berani kehilangan dan tidak mau menyesali kerugian atas dirinya. bencana, kesulitan dan cobaan dari manapun datangnya dianggap seolah-olah tidak pernah terjadi. Kerugian yang terjadi dikarenakan orang lain, hatinya memaafkan, kerugian karena lingkungan, heatinya menganggap suatu yang alamiah, keruguan karena bencana, hatinya menganggap sudah menjadi kehendak Tuhan. Orang yang mempunyai sikap lila legawa, tidak ada beban didalam hidupnya.
 
(Lila legawa bisa uga nggambarake sikap batin kang eklas, lila, ora mangkel suwe, kagubel ing rasa owel utawa gela. Tembung “legawa” iku tegese nampa kanthi ati longgar. Yen kalah ya bisa nampa kekalahane, yen menang ya ora banget-banget olehe mbungahi. Sakabehing tumindak iku ana wohe dhewe-dhewe. Ora sakabehing panjangkah utawa pepinginan iku bisa katurutan, luwih-luwih menawa ora dikantheni ikhtiar lan dipetung kanthi premati. Manungsa iku pancen kudu bisa legawa, awit manungsa iku mung titah sing ora uwal saka papesthen. Manungsa iku bisa ketaman lara, ketaman susah, lan ketaman nasib sing ora becik, dadi tuwa lan ora luput ing pati. Yen wis tekan kalamangsane, manungsa bisane mung pasrah marang Sing Gawe Urip. Tanpa nyelaki perlune ikhtiar, pepesthen kang tumunduk ing uripe manungsa kudu ditampa kanthi lila legawaning ati.)

KGPAA Mangkunegara IV ing Serat Wedhatama ing pupuh Pocung paring dhawuh menawa ana sifat telu sing perlu diugemi, yaiku:
  • Lila lamun kelangan nora gegetun (ikhlas yen kelangan, aja getunan)
  • trima yen kataman (nrima/pasrah kena musibah, cobaan lsp)
  • sak serik sameng dumadi (lara ati, sengit ora mangkel suwe, kagubel ing rasa owel)
  • tri lagawa nalangsa srah ing bathara (telung sipat lagawa marang Tuhan)

0 komentar:

Posting Komentar