Tata krama utawa etikèt iku norma-norma kanggo nata perilaku bèn isa santun. Sing ditata iku seliyané perilaku uga tutur basa. Sumber-sumber ajaran isa saka wongtua, kaluarga, lingkungan lan uga saka lakon-lakon pagelaran wayang. Neng lingkungan kraton, tata krama iki diterapake sacara ketat. Tembung-tembung: "mboten pareng" utawa "ora ilok" iku dadi tandha ana pelanggaran tata krama. Wong suku liya ngarani tata krama Jawa iku nduwe sifat "alus".
Tata krama bisa kajunjung kanthi sikap:
- Nganggep wong liya kaya awake dhewe
- Saben wong kadang nglakoni dina kang sibuk, susah, angel, kesel, males. Aja disik mikir ala, su'uzon lan ala marang wong iku.
- Saben wong duweni ciri lair lan batin kang ora padha. Aja sengit dhisik marang sapadha-padha.
- Percaya ing ati yen saben wong kuwi apik, kayadene awake dhewe kang menehi rasa seneng, senyum, sapa marang wong liya.
- Dadia wong kang sugih pangapura marang sapadha-padha.
- Nalika awake dhewe kuciwa marang wong, aja dikethokake marang wong liya supaya ora gawe su'udzon/lara atine wong liya.
- Aja seneng nyalahake wong liya
- Husnudzon/positif thingking marang wong liya
- Yen lungguh, dengkul kudu rapet (tumrap wanita)
- Ora pareng mangan neng tengah lawang
- Ora pareng sangga uwang
- Ora ilok lungguh neng bantal
- Ora pareng jigrag
- Yen nduding nganggo jempol tangan tengen
- Ora pareng ngitung untu utawa ngrungokke wong tuwa sing lagi omong-omongan
- Sepi ing pamrih, rame ing gawe
- Manjing ajur ajer
- Aja adigang, adigung, adiguna
- Aja dumeh
- Aja gumunan
- Aja kagetan
- Mulat sarira, hangrasa wani
- Melu handarbeni
- melu hangrungkebi
- lsp
0 komentar:
Posting Komentar