Senin, 01 Juli 2013

Betty setyo purnomo

Betty Setyo Purnomo
(Grobogan, 01 Juli 1989)

Bismillahirrohmanirrohim
Edi peni ing sadayane
Tata krama patrap lan pangucape
Tawakal ing uripe
Yakin marang Junjungane lan Gustine
Sholat, sujud lan sabar senengane
Engseme katon nyenengake
Tandang ing gawe
Yuwana ing uripe
Ormat marang bojo lan wong tuwane
Prasaja ing tumindake
Utama ing sifate
Rapi ing gawe
Nestiti ing uripe
Obah rana rene ing sadinane
Misuwur ing sapadha-padhane
Ora seneng gawe susahe wong liyane

1 komentar: